Pages

Subscribe:

Ads 468x60px

Semoga humor-humor ini dapat menyegarkan hidup kita, dan memberikan inspirasi untuk produktivitas kita;

Wednesday, January 6, 2016

Gorengan

Den mBei : "Kang, aku tuku gorengane....

Bawor :  "Olih... olih.... sing endi, kang?

(Dm) : "Lho.... Ana pirang macem, kang?

(B): "Sing kie pisang goreng rong ewu telu, mendoan rong ewu papat, tahu goreng rong ewu lima, kang! Rika arep tuku sing endi kang.?

(Dm): "Walah... Gorengan uis kadaluwarsa kabeh kuwe koh esih didol bae, kang??!

(B): "Èh.... , rika nek ngomong sing enak ngapa..... Jajal delengen disit, egin anyar nembe tek entas kang wajan kiye domong kadaluwarsa? Rika aja ngawur koh ngomonge

(Dm): "Lho..., lah rika dewek sing omong mau, pisang goreng 2003, mendoan 2004, tahu goreng 2005.... Lha siki mbok uis taun 2016 kang! Ýa apa ora domong kedaluwarsa kue ??!

(B): "Ngeneh, koh.... Jan kakean omong, Lambe mu tak goreng sisan engko dadi empal..... Tak dol rong ewu nembelas...!"
😀

0 comments:

Post a Comment