Pages

Subscribe:

Ads 468x60px

Semoga humor-humor ini dapat menyegarkan hidup kita, dan memberikan inspirasi untuk produktivitas kita;

Monday, February 22, 2016

Simbah Golek Godhong Gedhang

Sudrun habis main dgn kambing trus ketemu simbahnya:

Putu (Sudrun): “Gek ngopo sampean mbah ?"
Simbah : “Nggolek godhong gedhang le..”
Putu : “Godhong gedhang gawe opo mbah ?"
Simbah : “Gawe bungkus lontong”.
Putu : “Lontong gawe opo mbah ?”
Simbah : “Mengko dipangan karo opor”.

Putu : “Oooo sik mengko..  lha saiki ngopo mbah ?"
Simbah : “Nggolek godhong gedhang leee”.
Putu : “Gawe opo mbah ?"
Simbah : “Digawe bungkus lontong !! Khan mau wis tak kandani leee !?!?!”
Putu : “Lontong digawe opo mbah ?”
Simbah : “Dipangan karo opor leee, mosok digawe ganjel lawang ??“
Putu : “Oh ngono yo mbah”.

Simbah : “Iyooo, wis kono lungo, ojo ngganggu aku !!!”
Putu : “Kenopo mbah ?"
Simbah : “Khan aku akeh gawean saiki…!!!”
Putu : “Gawean opo mbah…?”
Simbah : “ Maasyaa Allaaah....nggolek godhong gedhaaaang lee...!!!”
Putu : “Godhong gedhang gawe opo mbah…?”
Simbah : “Digawe lontoooong, ra krungu tho kowe ?????!! “
Putu : “Simbah ngomong karo sopo…? “
Simbah : “Astaghfirullah....karo kowee...tholeee....!!!"

Putu : “Lha nek karo aku, kenopo simbah bengak bengok ? Aku kan nang kene wae”.
Simbah : “Mripatmu merem tho... !!! Soale kowe bodho… ora ndelok tho aku lagi akeh gawean ????!!!!"

Putu : “Gawean opo mbah….?"
Simbah : “Dengkulmu anjloogg !!!! Nggolek godhong gedhaaaang leee...!!"
Putu : “Godhong gedhang gawe opo mbah…?”
Simbah : “ Lambemu ambrol...… digawe bungkus lontong, lontong yo dipangan leeeee !!!!"
Putu : “Kan nang omah ono sego ? Kenopo simbah mangan lontong campur godhong gedhang mbah ????”

Simbah : “Putuku sing nggantheng ireng thuntheng koyok areng, kowe dolan sing adoh, nek perlu ora usah mbalek sak lawase !!!!!, Engkok simbah bludregke kumat. Simbah lagi nyambut gawe saiki !!”

Putu : “Kenopo koq bludreg mbah ? Sakjane simbah nggolek godhong gedhang opo bludreg sih ? Bludreg kuwi opo sih mbah ? Iso digawe bungkus lontong tho…?“

Simbah : “ya ampuun. ... le.. lee...!! Kok guoblok tenan koweeee..!!!! Kenthiiir !!!!“

Putu : “Kenthir ??? Simbah stress yo ??"

Simbah : “Iyo Simbah stress..!. mumet ndasku ono kowe ngganggu aku nyambut gawe !! “

Putu : “Nek nyambut gawe nggolek godhong gedhang marai mumet…, kenopo simbah isih tetep nggolek godhong gedhang ??”

Simbah : “Wis wis ora usah kakean cangkem !! Saiki minggato, muliho wae kowe.!!!!“

Putu : “Iyo mbah, aku muleh wae… simbah ora muleh sisan…??”

Simbah : “Oraaa, aku isih akeh gawean".
Putu : “Gawean opo mbah…?”
Simbah : “Weduss...!!! Takok maneh !!!!! Nggolek godhong gedhang,..!!!!"
Putu : "Godhong gedhang gawe opo mbah ?”
Simbah : “Gawe njejeli lambemu...!!!!????"
Putu : "Lha jarene mau gawe bungkus lontong  mbah ?"

Simbah kejét2 trus semaput.

0 comments:

Post a Comment