Pages

Subscribe:

Ads 468x60px

Semoga humor-humor ini dapat menyegarkan hidup kita, dan memberikan inspirasi untuk produktivitas kita;

Wednesday, October 15, 2014

Wawancara

Alkisah di sebuah perusahaan besar di kawasan Boyolali, tengah melakukan beberapa tes wawancara untuk " tidak" menerima calon karyawan baru.
Tentu saja salah satu prasyaratnya adalah harus berbahasa EJD (Ejaan Jawa yang nDaksempurna) .. Bagi yang tidak memahaminya nggih nyuwun sewu… Boso
Jawi, meniko…

G : Kowe nduwe omah opo ora…..?
A : Dereng….
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
A : Lho kok ngaten……..?
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
A : Ah.. mboten, kok. Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
G : Yo malah ora ketompo
A : Lho kok ngaten…..?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.

G : Kowe nduwe motor opo ora….?
B : Mboten.
G : Ora ketompo
B : Lho kok mboten ketampi?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
B : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo
beto
ngriki.
G : Wah malah ra ketompo….
B : Lho kok ngoten…?
G : Tempat parkire wis ra cukup.

G : Kowé wis lulus sarjana tenan…..?
C : Sampun, Pak….
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén
mbayaré
murah
C : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo…..
C : Lho, kados pundi, tho….?
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék
kerjo
neng perusahaan liyo.

G : Kowé seneng guyon opo ora?
D : Mboten pak, kulo serius yén nyambut damel.
G: Ra ketompo…..
D : Waa……kok ngoten?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
D : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
G : Malah ora ketompo.
D : Lho kok……
G: Engko kowé mung email emailan sing lucu…….

G : Kowé mau mréné numpak opo?
E : Nitih mobil
G : Kowé ora ketompo
E : Sebabipun?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus
E : Wo, kulo wau namung mboncčng, kok
G : Tambah ora ketompo
E : Lho, lha kok … ?
G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi !

G : Anakmu akčh opo sithik?
F : Kathah pak
G : Kowé ora ketompo
F : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
F : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
F : Lho, lha kok … ?
G : Gawé anak waé aras2en, opo mančh nyambut gawé

G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
H : Dčrčng
G : Kowé ora ketompo
H : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
H : Oo, nčk damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
H : Lho, lha kok … ?
G : Kowé rak mung arep keminter, to ?

G : Kowe ngerti kahanan kantor k éné durung
K : Dčrčng
G : Kowé ora ketompo
K : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gaw é kok ora ngerti kantoré ?
K : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
K : Lho, lha kok … ?
G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to?

G : Kowé kerep loro ?
M : Mboten
G : Kowé ora ketompo
M : Sebabipun ?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
M : Wah, sakjanipun nggih asring
G : Tambah ora ketompo
M : Lho, lha kok … ?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

G : Kowé biso main Internét?
N : mBoten
G : Kowé ora ketompo
N : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo wong BI (Buta Internet)
N : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo
N : Lho, lha kok … ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakčhan dolanan Internet, to?
Ngenték-entekké pulsa !

G : Kowe waras opo ora?
O : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo…….
O : Kenging nopo …..?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
O : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo……
O : Pripun to niki….?
G : Mengko aku duwe saingan……….

0 comments:

Post a Comment